NYESEL ORA BISA
NYELESEAKE MASALAH
Wektu tahun ajaran baru, ing SMP
Maju Mundur, Desa Miskin Makmur, ana 3 bocah sing wis koncoan akrab. Senadyan
jik tas kenal ing kegiatan MOPDB, 2 Tahun kepungkur. Yaiku Tini, Aam, lan Siti.
Bocah 3 iku nduweni watak sing beda-beda. Tini nduweni sifat sing meneng-meneng
ngglendemi, Aam gampang kehasut, lan Siti nduweni watak sing ceplas-ceplos.
Piye kelanjutan ceritane? Iki terusane….
(Tini
lungguh ing ngarep kelas, karo tengak-tenguk ngenteni Siti lan Aam teka)
Siti
lan Aam : (Bebarengan)
“Assalamu’alaikum..” (karo ngampiri Tini)
Tini : “Wah… Waalaikumsalam.
Janjian to rek? Kok bareng?”
Siti : “Ora seh, kebeneran wae aku
ketemu Aam ning ngarep gerbang.”
Aam : “Kowe wis suwe ngenteni ta,
Tin?” (karo lungguh sebelahe Tini)
Tini : “Ora popo, aku wes ngerti
lek kowe iku senengane ngaret...”
Siti
lan Aam : “yee… ora yo!” (karo nyenggol
Tini)
Tini : “Eh rek, jarene arep onok
murid anyar yo?”
Aam : “Loh iyo tah, tenan?” (karo
ekspresi kaget ; mata melotot)
Siti : “Lah tapi, aku sing kudune weruh dhisik to? Aku lak terkenal, lek jare
wong kuta
iku ‘femes’ngono…” (karo
sendakep: pamer)
Tini : “Yo wes lah, jok rame ae! Ndelok mengko
wae lho…”
Siti : “Halah, pancet ae Kowe
Tin!!” (karo nggepuk tangane Tini)
(Sawise
iku, bocah anyar sing diomongake Tini, Siti, lan Aam temenan mlebu kelas.
Deweke dumadakan ngampiri bocah 3 sing lagi sibuk ngomong, karo ngenalake awake
dewe.)
Aam :
“Eh rek…rek… Iku ta bocah anyare? Ndeloken talah..” (karo narik-narik klambine
Siti sing pancet sibuk ngomong.)
Siti :
“Yo ojo tarik-tarik klambi pisan to Am! Mengko suwek iki..” (karo mangkel)
Tini : “Iyo…Iyo.. Paling iku murid anyare! Wah.. Wah..”
(geleng-geleng ndelok penampilane murid anyar sing rodo’ acak-acakan)
Roha :
“Opo bener to iki kelas 9Z?”
Siti :
“Oalah, dadi iki to…” (karo sinis)
Tini lan Aam :
(mangguk-mangguk)
Roha : “Rohanum, celuk wae aku Roha..” (karo salaman nang
Siti, Tini, lan Aam, ngajak kenalan)
(Sawise
kenalan lan ngomong-ngomong sekedare, Aam ngejak Roha lunggunh bareng, mangan
ning kantin bareng. Tekan kene, Aam lan Roha iso dadi konco sing akrab lan
apik. Singkate cerita, nyatane Roha nggowo pengaruh sing elek karo Aam sing
polos. Nyatane Roha iku bocah sing ‘salah pergaulan’, deweke pinter nutupi sifat eleke
tekan kanca-kancane.)
Aam :
“Eh.. Aku kok yo kepingin to koyo kowe ngene. Iso bebas, wong tuwamu ora pati
ngereken. Ora koyo aku. Mesti dikekang, ora tau oleh mulih bengi, mesti ben
nglakoni sesuatu ditakoni. Aku kok risih yo..”
Roha : “Hmm… Aku biyen yo tau ngrasakno. Ora isa bebas.
Nanging aku mikir, aku to yo wis gedhe, ora gelem di kekang maneh koyo’ ngono.
Dadine aku saiki iso nggolek cara supaya bisa luwih bebas. Kowe ora gelem koyo’
aku ngene?”
Aam :
“Aku pingin…pingin… banget… ta..tapi..tapi.. aku wedi, Roha…” (karo wajah
keweden.)
Roha : (ngguyu ngenyek) “Wes talah, Am. Ono aku to? Kowe
yo kate wedi karo opo?”
Aam :
(ora njawab pertanyaane Roha, mek meneng karo nggaruk-nggaruk kepala)
Roha : “Wes…wes… kapan-kapan kowe bakal tak kenalno karo
‘donyaku’ yo.. Jo wedi maneh! Rapopo..” (karo nyekel bahune Aam.)
Aam :
(Manthuk-manthuk)
(Ing
bebarengan wektu, Atun-konco sekelas Aam, Roha, Siti, lan Tini-nguping sing
diomongno Aam karo Roha. Dasare, Atun iku bocah sing ora duwe konco. Makane,
Atun nduweni niat gawe ngancurno persahabatane bocah 4 mau. Atun ngadu domba
Aam, Roha, karo Siti lan Tini.
Atun : “Tin,ti…. kowe arep ero ta sing diomongnokaro Aam
ambek Roha? Koyoke Roha iku ngajak
Aam koncoan ambek konco-koncone Roha sing brandal-brandal kuwi. Roha karo Aam
yo wis ora gelem koncoan karo kowe…”
Tini
: “Mosok se Tun? Kowe ora
nggoroi awak dewe to?”
Siti : “Koyoke Atun bener, Tin… soale, akhir-akhir iki
Aam karo Roha iku ngadoh tekan awak dewe, yo to?” (nada sinis)
Atun : “Aku ora goro aku,suer..”
Tini : “Yo seh yo, lek dipikir, ono
bener e pisan…”
Siti : “Yaweslah. Ngene iki aku dadi males koncoan
maneh karo bocah loro kuwi..”
(Sawise
Atun sukses ‘ngracuni’ pikirane Tini lan Siti, Atun saiki nduwe niat ‘ngracuni’
pisan pikirane Aam lan Roha.)
(Ing
kantin sekolah, Atun bengak-bengok nyeluk Aam lan Roha sing lagi mlaku-mlaku)
Atun : “ Am..Am!!! Roha…he Roha!!! ”
(bengak-bengok)
Aam : “ Ana apa ta? Kowe kok
menggos-menggos ngene?”
Atun : “Kuwi…kuwi..kuwi Tini lan
Siti…waduh, gawat…!!!
Roha : “Kowe ngomong opo Tun? Aku ora
ngerti!!!”
Atun : “Kuwi lho!! Siti lan Tini wes ora gelem koncoan
maneh karo kowe! Soale, saiki kowe dadi tambah a-l-a-y” (karo ngarang cerita)
Roha : “Loh? Mosok iyo? Tenan ta?”
(mbrabak)
Aam :
“Saiki, Siti lan Tin wes berubah tenan! Lek bocah loro iku iso ngadoh tekan
awak dewe, awak dewe yo iso! Luwih malah! Babah ora ngurus maneh! Bocah iku
dudu koncoku maneh!” (karo emosi)
(Akhire,
rencana eleke Atun gawe ‘ngracuni’ pikiran Aam lan Roha yo sukses temenan!)
(Singkat
cerita, persahabatan Aam, Roha, Siti, lan Tini maleh rusak! Saben papasan,
bocah 4 iku ora tau sopo-sopo an maneh. Siti lan Tini nglakoni aktifitas koyok
biasane. Nanging, Aam lan Roha wis bener-bener kegowo pergaulan sing salah.
Roha wis kecanduan obat-obat an terlarang, kabar luwih eleke maneh Aam kena
virus HIV amarga pergaulan sing salah iku mau. Uripe dadi ancur! Prestasine
mudun!)
(Ing
bebarengan wektu, teka kanca sekelase bocah 5 mau, jenenge Ila. Deweke sing
ngerti masalah sebenere. Deweke ngerti endi sing bener lan endi sing salah.)
(Tapi..
kabeh wes terlanjur rusak! Atun sing dadi penyebabe! Aam wis kena virus HIV,
Roha wis kecanduan obat, Siti lan Tini wes kadung nyimpen dendam lan benci karo
kancane dewe)
(Diceritakno…
Aam nduwene putusan gawe ngakhiri urip e amarga wes putus asa karo penyakit HIV
sing diderita. Roha melbu panti rehabilitasi gawe proses penyembuhan. Siti,
Tini, lan Atun berhasil nyelesekno masalah gedhe selama iki.)
Tini : “Oalah, kok iso yo awak dewe kena masalah gedhe
koyok ngene. Aku nyesel tenan Ti, nyesel banget…” (karo nangis)
Siti : “Yowes to Tin, arep dikapake maneh. Sego wes
dadi bubur. Percuma wae awak dewe nangis! Wes ora bisa manehmbalekno kabeh sing
wes rusak…”
Tini : Atun nangndi to? De’e wes
iso gawe masalah tok! Ora iso nyelesekno…”
Siti : “Wes ora ono penyelesaian. Tenan, sego wes
bener-bener dadi bubur nesumu ora bisa gawe Aam urip maneh.” (karo nangis)
Ila :
(teka ngampiri Siti lan Tini) “ Tin, Ti… sepurane ganggu, aku duwe kabar yan
Atun ora bisa sekolah maneh, amarga deweke ora duwe biaya gawe ngelanjutno
sekolah.”
Tini
lan Siti : (nyekel dodo, karo
prihatin)
Singkat
ceritane….
Akhire
Tini lan Siti iso nerima keadaan iki, malah Siti lan Tini ngupayano dana
bantuan gawe Atun supaya bisa sekolah maneh. Atun wes njaluk sepura, Siti lan
Tini yow is iso ngekeki sepura. Malah, Roha wes sehat lan iso ngelanjutno
sekolah maneh. Deweke wes janji ora bakal nggawe kesalahan sing gedhe maneh.
Tekan
cerita iki, kita kudu iso njupuk pelajaran, yaiku penyesalan ora iso ditangisi,
ora iso maneh balekno keadaaan koyok biyen maneh. Kudune, kita bisa mikir luwih
adoh gawe massa depan awakdewe! Aja senang ngadu domba kancane dewe, aja senang
ngehasut lan gampang kehasut. Sing penting, awakdewe kudu bisa sukses
bareng-bareng! Kudu bisa nyadarake konco sing kirane wes mlebu ndek dalan sing
salah. Aja malah ninggalno konco yen deweke salah! Sing bisa kita lakoni kuwi
bisa berusaha gawe dadi uwong sing luwih apik maneh, amarga nyesel ora bisa
nyeleseake masalah.
Ila : Nabilah Rohadatul (Narator)
Siti : Zahra Aisyiyah
Roha : Gumawa Windu
Aam : Annida Khoirun Nisa
Tini : Iing Merillarosa
Atun : Hazrina Putri
0 comments:
Posting Komentar